![]() |
03-11-12 |
Yen wis dumugi mangsa,
nuli sowan marang sing kuasa
Awan bengi sapa kang nyana tekane sing nyabut nyawa
Urip ning ndonya bakale ora suwe,
ana wektu kanggo ngalih panggonane
akhirat panggon sejatine
Mung ibadah lan amal becik sangune
Sowanmu marang Pengeranmu,
sapa sing bakal dadi kancamu?
apa kang dadi gawanmu sing bisa nyelametake awakmu?
Aku sowan menyang panggonMu,
miji tanpa sanak tanpa kadang
Bandhaku mung niat ketilaran ngadhep ngarsane sing kinasih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar